Rabu, 18 Februari 2015

RENUNGAN TAHUN BARU IMLEK-TAHUN KAMBING KAYU (YIWEI)

RENUNGAN TAHUN BARU IMLEK-TAHUN KAMBING KAYU (YI WEI)

.
Ivan Taniputera
18 Februari 2015
.
.


Tidak terasa kita telah tiba kembali pada penghujung Tahun Kuda, kini kita sedang menantikan datangnya Tahun Kambing. Karena tahun baru Imlek ini sesungguhnya bukan hanya milik satu etnis saja, melainkan dapat menjadi sumber kebahagiaan bagi semua etnis, maka saya pada kesempatan kali ini akan menulis renungan saya dalam bahasa Jawa.

Para sedherek ingkang kinasih,

Ing sajroning negari kita Republik Indonesia wonten rupi-rupi suku bangsa lan etnis. Satunggalipun suku bangsa lan etnis nduweni budaya lan adat istiadatipun piyambak piyambak. Sasadayanipun budaya punika tansah dados bukti kasugihanipun negari kita. Ugi dados bukti menawi bangsa kita saguh njagi kerukunan lan kedamaian gesang sesarengan. Bhinneka Tunggal Ika semboyan negari kita. 

Budaya Tionghoa inggih dados salah satunggalipun budaya etnis ing negari kita lan ugi saged nyumbangaken marang kekayaan budaya bangsa. Amarga punika, warsa enggal Imlek boten kagunganipun tiyang Tionghoa kemawon, nanging sampun dados kekayaan budaya sesarengan. Sadaya suku bangsa lan etnis tanpa kecuali kenging berbagi kebahagiaan perayaan warsa enggal Imlek. Mugi-mugi perayaan warsa enggal Imlek dados mencurahkan kebahagiaan marang sadaya suku bangsa lan etnis ing negari kita.

Kita sami-sami ndonga mugi-mugi bangsa lan negari kita dipun tebihaken saking bebendhu lan kekirangan. Pihak-pihak ingkang crah supados saged rukun lan saling maringi sepura marang pihak sanesipun. Kita sampung mangertos manawi crah agawe bubrah. Ingkang rugi inggih punika kawula alit. Ingkang mesakaken inggih boten sanes rakyat piyambak. Mugi-mugi pihak-pihak ingkang padu  saguh bangkit kasadaripun manawi piyambakipun punika abdi rakyat. Mugi-mugi Tahun Kambing Kayu saguh maringaken perdamaian lan penyelesaian masalah ing negari kita.

Kita sami-sami berupaya dados pribadi ingkang luwih becik tinimbang warsa sadherengipun. Inggih punika dados pribadi ingkang semakin sae. Kita boten namung donga nyuwun kemakmuran, kesehatan, lan kesejahteraan, nanging ugi kebijaksanaan. Jalaran berbekal kebijaksanaan, kita saged nglakeni kehidupan ingkang becik. 

Sugeng Warsa Enggal Imlek.